OLEH:
PEMUDA PEMUDI SEMBUNGAN
Narator : Mbak Tina
Ande-Ande
Lumut : Wahyu Basiyo
Klentung
Kuning : Mbak Intan
Yuyukakangkang : Rangga
Ayam
Sahabat : Bintang
Ibu
Ratu : Dhila
Ibu
Tiri : Mbak Kesti
Klenting
Merah : Dek Rahma
Klenting
Hijau : Zalfa
Klenting
Ungu :Indah
Bapak
: Galih
Prajurit
1 : Lala
Prajurit
2 : Velly
Prajurit
3 : Rista
Prajurit
4 : Rara
Backsoud : Dewi & Siti
DIALOG
Narator: (Suara
Angin Topan) Pada suatu hari, angin dan hujan deras melanda sebuah desa
yang aman dan tenteram. Angin berhembus menerbangkan daun-daun dan
berterbangan. Udara dingin menusuk tulang dan menembus dinding-dinding rumah
yang hanya terbuat dari bambu. Disitulah hidup seorang gadis baik hati bernama
Klenting Kuning beserta orang tua dan ke-empat saudaranya. Kehidupan mereka
berjalan dengan baik hingga suatu pagi...
(Klenting
Kuning, Klentng Merah, Klenting Hijau, Klenting Ungu, Klenting Biru, Ibu Tiri
mengantarkan Bapak Untuk Pergi).
Bapak:
Buk, aku titip anak-anak karo sampean. Aku ono urusan mendadak. Kebun dan
sawahe kita sek neng adoh banget kae mau bengi keno angin puting beliung. Saiki
aku arep niliki. Paling perjalanan seminggu. Dongakno ben aku slamnet yo bu.
Aku titip bocah-bocah mbek awakmu.
Ibu
Tiri: Iyo Pak. Ati-ati neng dalan. Ojo nganti lali dalan bali koyo
wingi. Akehono le dongo yo pak. Karo sek paling penting oleh oleh berlian
sewidak karatt kae yo.
Bapak : Iyo bu. Mangkat yo. Assallamualaikum
Ibu
Tiri: Waalaikumsalam.
Narator:
Pagi itu menjadi awal bencana yang akan menimpa Klenting kuning. Dalam
perjalanannya untuk kembali, Becak Bapak mengalami kecelakaan. Becaknya
menabrak gundukan kuburan yang berada di tengah hutan dan akhirnya bapak
meninggal tanpa ada yang mengetahuinya. Termasuk klenting kuning dan
keluarganya. Setelah ditinggal bapaknya.klenting kuning diperlakukan tidak
manusiawi.
Ibu
Tiri: (Sambil Berjalan membawa baju) Klenting Kuning!!. Kowe ki
ngumbahi kok ra resik. Sabun sek tak kei kurang po nggo ngosoki sambel neng
klambiku. Kowe ngerti iki regane piro? Rolas yuto. Pokoe aku wegah ngerti. Kowe
kudu ngumbah klambi iki nganti resik. Lek ora. Rasah turu neng omah. Turuo neng
jeding.
(Ibu
Melempar Baju Ke arah Klenting Kuning)
(Klenting
Kuning terduduk. Menangis, meratapi sambil nyuci baju) (Musik Anak Malang
diputar)
Narator:
Kekejaman mereka terus berlanjut hari demi hari. Saudara-saudara klenting
kuningpun menganggap klenting kuning adalah pembantu.
Klenting
Merah: Eh Kamseupay! Rupamu kok wuelek ngono toh. Deloken to aku ayu
ngene kiki. Klambi necis. Rambut klimis. Gincu oke. Bedak maknyos. Wong kok
udik banget. Deloken to tompelmu gedene ngalahi wajan hajatan. Rai kok isine
mung tompel. Nganti irung ro alise ora entok panggon. Mbok tulung, lek nduwe
tompel ki ojo di ingu. Dadi gede terus to.
(Klenting
Kuning Tertunduk dan bersimpuh)
Klenting
Hijau: Wes lah mbak yu. Akdewe ki buang-buang waktu ngurusi si
kampsetompel ki. Mending njaluk duit ibuk ae yo. Nggo jajan jajan neng melioboro
karo neng pasar pekam.
Klenting
Ungu: Iyo yuk. Aku yo pengene pisan pisan tuku klambi neng pasar
baringherjo. Wes bosan nggo klambi iki. Yuk cuss.
Narator:
Ke-empat saudara tirinya meninggalkan klenting kuning yang hanya tertunduk
lesu. Dilain tempat, Ande-ande lumut sedang berburu di dalam hutan bersama
kedua prajurit pengawalnya.
(Suara
rengekan kuda)
(Suara
Pistol ditembakkan)
(Prajurit
tutup telinga)
Ande-ande
Lumut: Astagfirullah. Mleset terus. Pikiranku ki kenopo kok ora konsen
ngene kiki.
Prajurit
3: Yang Mulia pangeran mboten biasane nembak mleset. Biasane uler we
seko jarak 50 km iso ke tembak. Iki kok mboten saget. Gerangan nopo sek
dipikerke.
Prajurit
4: Enggeh Yang Mulia. Nopo lagi gundah gulana mikiri bojo? Gerangan
kesuwen le jomblo dadine kesehatan menurun. Kebahagiaan berkurang. Matane dadi
blereng.
Ande-ande
Lumut: Ngene wae. Tulung gawekno pengumuman aku golek bojo yo. Aku
ngeroso wes tuo. Aku butuh pendamping hidup sek iso ngopeni. Ngancani maem.
Ngancani turu. Ngancani nembak manuk. Orang mong karo kowe kowe wae. Tenan
yakin aku bosen.
Prajurit
3 & 4: Siap Yang Mulia Kanjeng Pangeran Andel.
Ande-ande
Lumut: Yowes ayo lek bali. Awakku wes gatel-gatel cokoti tengu. Wes rak
kuat arep ados selakan.
Narator:
Ande-ande Lumut bersama dengan kedua prajuritnya kembali ke istina. Keesokan
paginya pengumuman tentang pencarian istri untuk Ande-ande Lumut telah tersebar
luas kepenjuru dunia. Dan menjadi kabar menggembirakan bagi keluarga klenting
kuning. Termasuk ibu tirinya.
Klenting
Merah: Buk! Ono undangan seko kerajaan. Jare pangeran ande-ande lumut
golek bojo. Krungu krungu pangeran ande-ande lumut ki baguse ra jamak bu. Koyo
Justin beber we kalah.
Klenting
Ungu: Iyo buk, pokoe akdewe kudu teko mrono. Nganggo klambi sek uapik.
Duh buk. Rak sabar dadi mantune wong sugeh. Lek wonge elek ra popo. Sek penting
bondone akeh. Engko lek wes nikah gampang. Bengine dipotas. Hahahha
Klenting
Hijau: tapi lek elek tenan wegah deng aku. Nggo kowe wae mbakyu. Aku tak
karo mas basiyo wae. (Sambil malu malu mesem mesem).
Ibu
Tiri: Wes cah. Pokoe kowe kowe kabeh kudu iso dadi bojone ande-ande
lumut. Salah siji lek iso. Tapi lek wonge gelem ngepek kowe kabeh yo rak popo.
Akdewe iso dadi sugeh. Emase berton ton. Pokoe sesok kowe kabeh kudu macak sek
ayu dewe yo. Oke sip.
Narator:
Secara tidak sengaja Klenting kuning mendengar percakapan antara ibu tiri dan
saudara-saudaranya. Kemudian dia menceritakannya dengan sahabat sejatinya yang
selalu menemani dimanapun klenting kuning
berada.
Klenting
Kuning: Tek. Aku mau krungu ibuk lek pangeran bagus ande ande lumut golek
bojo. Pestane sesok tek. Aku pengen melu. Aku ngeroso lek pangeran ande ki
jodohku yang hilang tek. Tulang rusuk yang selama ini tak goleki tek. Sek tak
impikke pendak bengi.
Pitek:
Kukkuruyukk petoook. Yowes yu. Melu wae petookk. Aku yo kok firasat petokk. Lek
kowe ki jodone petokk...kukkuruyukk.
Klenting
Kuning: Tapi aku wedi karo ibuk tek. Kowe ngerti ibuk koyo opo. Ora
bakalan entok aku mangkat.
Pitek:
kukkuruyuk petokk. Duh piye yo..
Narator:
ketika klenting kuning curhat dengan teman ayamnya. Ibu tiri datang dengan
wajah yang marah mendengar apa yang diinginkan klenting kuning untuk datang ke
pesta.
(Dengan muka
marah sambil bawa piring berisi nasi)
Ibu
Tiri: Eeee (Melemparkan nasi ke arah klenting kuning ) enak wae
le ngomong. Rak entok pokoe. Kowe ki ora pantes bersanding karo pangeran bagus
ande ande lumut. Pantese sek dadi bojone ki anak anak ku udu kowe. Kowe ki
cocoke dadi pembantu. Pokoe kowe neng omah ae. Titik. Ora oleh nandi nandi.
Klenting
Kuning: Tapi buk.....
Ibu
Tiri: Wes ra ono tapi-tapi. Kae
gaweanmu numpuk akeh. Lek ditandangi. Aku arep menicure pedicure nggo
sesokkondangan.
Narator:
Klenting Kuning merasa sangat sedih. Harapannya untuk bertemu pangeran bagus
ande ande lumut pupus sudah. Hingga keesokan harinya semua orang bersiap untuk
pergi ke perjamuan ande-ande lumut. Sedangkan klenting kuning hanya menatap
sedih sambil membereskan rumah.
(Lagu
Kuingin Marah)
Klenting
Kuning: Piye yo tek. Aku pengen banget. Tapi wes mustahil. Emang aku
duduk jodone pangeran bagus. (Sambil Menyapu dan menangis)
Pitek:
Petokkk kukuruyukk. Aku iso ngewangi kowe. Sek yo..
(Lagu Magic di
Putar)
(Pitek berubah
menjadi manusia )
Klenting
Kuning: Tek eh sumpah. Kok kowe dadi uwong. Koyone aku wes kedanan
ande-ande lumut. Ndasku dadi mumet ngeneki.
Pitek:
Asem. Kowe rak mumet. Selama ini aku adalah peri. Wes saiki rasah khawatir.
Kabeh gaweanmu tak rampungne.
(Suara
bimsalabim disetel)
(Pitek
menyihir rumah dan halaman menjadi bersih seketika).
Pitek:
saiki kowe mangkato. Oh iyo. Mengko kowe bakalan nyebrangi kali. Neng kono ono
penunggune. Jenenge yuyu kangkang. Wonge gembrot dan genit. Kowe rak bakal
entok nyebrang lek ora ngambong yuyu kangkang. Saiki kowe tak kei ramuan ben
kowe iso nyebrang dengan aman. Iki ramuane.
(Sambil
menyerahkan ramuan kepada klenting kuning)
Klenting
Kuning: (Sambil membuka botol). Sumpah iki ramuan opo. Ambune rak enak
banget koyo tai tenan.
Pitek:
wes rasah sambat. Kui emang ono ramuan taine setitik. Mengko semprotno neng
klambimu. Yuyukangkang lak bakalan jijik karo kowe.
Klenting
kuning: oke tek. Nuwun yo. Aku tak mangkat sek. Dongakno.
Pitek:
oke. Ati ati yo. Inget ramuane.
Narator:
Akhirnya Klenting kuning pergi ke pesta pangeran bagus ande-ande lumut dengan
membawa ramuan yang dia bawa untuk mengusir yuyu kangkang. Disisi lain. Ibu
tiri dan ketiga anaknya sedang berjuang untuk menyebrangi sungai yuyukangkang.
(Lagu hay
Cantik diputar)
Yuyu
kangkang: Hay cahh ayu. Lek kowe pengen nyebrangi kaliku. Kudu tak ambung
sikek. Hahahaha. Lek ora gelem tak ambung. Ora entok lewat.
Ibu
Tiri: aduh kok di ambung sih. Amis mengko. Tapi yo piye maneh. Yowes
yo. Ben iso lewat ki.
(Yuyukangkang
mencium ibu tiri dan anak-anaknya)
Narator:
ibu tiri dan anak-anaknya dapat lewat dengan syarat dicium oleh yuyukangkang.
Kini giliran klenting kuning untuk lewat.
Klenting
kuning (Percakapan dalam hati: aku kelingan mau pitek ngomong lek aku
kudu nyemprotke tai iki neng klambiku. Oke baiklah. Saatnya berjuang nggo
nemoni kang mas ku ande-ande lumut).
(Klenting
Kuning menyemprotkan ramuan)
Yuyukangkang:
Edann! Mambu opo iki. Ambune koyo
lethong sapi. Kowe mambu banget rak tau ados yo. Yowes yowes kono lek lewat.
Ora kuat aku mambu awakmu.
Narator:
akhirnya klenting kuning dapat menyebrang dengan selamat tanpa dicium oleh
yuyukangkang. Kelnting kuning tiba dengan selamat di pesta dansa. Tapi dia
merasa tidak pantas dan minder. Dengan wajahnya yang penuh tompel dan jelek.
Hingga akhirnya peri ayam menyihirnya menjadi lebih cantik dan wangi.
(Pesta dansa
ada ibu tiri, saudara tiri, ibu ratu, ande-ande)
Ibu
Ratu: kowe kabeh mau lewat kali yuyukangkang. Mesti wes diambung
yuyukangkang. Ambune amis banget tekan kene. Kowe kabeh ora cocok dadi bojone
anakku. Wes do ternodai karo yuyu kangkang.
Ande-ande
lumut: buk. Mosok kabeh bekase yuyukangkang. Rak ono sek iseh
kinyis-kinyis po?
(Lagu lagi
syantik di setel)
(Klenting
kuning masuk)
(Semua orang
menatap iri)
ande-ande:
edan ayune..
Ibu
Ratu: mung wadon iki sek ora mambu amis. De e ora terkontaminasi karo
yuyukangkang. Dee bersih. Berati mung klenting kuning sek cocok dadi bojomu.
(Semua orang
kesal. Termasuk ibu tiri dan saudara-saudaranya)
(semua orang
meninggalkan panggung)
(Lagu Duhai
cintaku disetel.Tinggal ande-ande dan klenting kuning pegangan tangan)
Narator:
akhirnya klenting kuning dan ande-ande lumut dapat bersatu. Kebaikan akan
selalu menang melawan kejahatan. Apa yang kita lakukan akan mendapatkan balasan
yang setimpal. Kesabaran dan kegigihan klenting kuning dari siksaan ibu tirinya
dapat ditahannya. Kebahagiaan menjemputnya dan dapat bersatu dengan orang yang
dicintainya. Begitulah drama legenda ande-ande lumut. Semoga dapat menghibur
bapak ibu sekalian. Wassallamualaikum wr.wb
No comments:
Post a Comment